UPAMA AKU GAYUS TAMBUNAN
SAUPAMA AKU GAYUS TAMBUNAN
Dening : Ki Dwija Adipurwa
Gampang luru dhuwit kanthi ngapusi lan korupsi,
Bebas Angrusak pranatan angger-anggering nagara,
Yasa arta kanggo nyogok punggawaning praja,
Bisa Ucul metu kunjara jumujug papan wisata,
Sesinglon nama salin busana amalih rupa,
Tetameng aparat luru dalan kanggo oncat,
Anuruti laku angumbar hawa napsu,
Mangan turu plesir Macau nggelar kertu,
Bojo lan nak kala-kala diajak melu,
Ukuman kunjara sinambi cuti saka makarya,
Nora maelu panandhang bangsa lan kawula,
Adigang, adigung, adiguna, mring sasama,
Numpuk bandha donya akherat pengine mulya.
Kesatrian 11 Februari 2011