Suba-sita
12/01/2011 06:23
- DIWERUH ing suba-sita, nanging aja pisan-pisan ngasorake awak, awit subasita bisa gawe kajening manungsa. Dene wong kang ngasorake awake, bisa gawe ewaning ati. (Panyebar Semangat)
- Ajining dhiri saka kedaling lathi, ajining raga saka busana. (Para Leluhur)
- Wong kang isih nduwe rasa isin iku tegese isih nduweni rasa iman, jalaran isin iku saperangan saka iman manungsa. (Al Hadist)
- Kang ngasorake lan ngluhurake martabate manungsa iku dudu wong liya, nanging saka tumindak lan patrape dhewe. (Ki Adi Purwa)
- Wong kang gaweane nyampuri urusane wong liya, kang sejatine dudu urusane padatane wong iku nduweni prakara kang luwih gedhe tinimbang wong sing dicampuri. (Ki Adi Purwa)
- Wong kang ora bisa niteni kabecikane wong liya, nuduhake yen wong iku wis ngasorake dhiri pribadine dhewe. (Ki Adi Purwa)
- Ngati-atia jroning geguyon, jalaran akeh bebaya kang ana ing jerone. Akeh geguyon kanca karo kanca pungkasane timbul padudon lan cecongkrahan. (Hassanuuddin Al Waaizi)
- Ajenana lan tresnanana wong tuwamu sakloron, kowe wis mesthi bakal urip kepenak lan mulya. (Ali bin Abi Tholib)